Werdine tarub ing upacara mantu
Pasang
tarub agung dadi salah sijine perangan baku ing upacara pahargyan
penganten adat Jawa. Nalika Kangjeng Gusti Pangeran Adipati Arya
(KGPAA) Mangkunagara IX nggelar hajatan mantu, sawetara dina kapungkur,
tarub agung diwiwiti saka masang bleketepe sawetara dina sadurunge ijab
kabul penganten sakloron, GRAj Agung Putri Suniwati utawa Menur lan
Sarwana Thamrin.
Miturut
budayawan Mufti Raharjo, sawetara dina kapungkur, acara pasang tarub
agung ora mung ngandhut werdi bab ngregengake swasana. Ubarampe tarub
agung ngandhut maneka pralambang lan tapsiran sinandi kang tebane dadi
tapsiran urip lan panguripaning manungsa ing alam donya iki.
Tarub
agung bisa dadi pratandha yen sawijining kulawarga nembe duwe hajatan
mantu. Masang tarub agung bisa dadi pra-tandha tumrap bebrayan sakiwa
tengene sing duwe gawe. Saka tarub agung sing dipasang, kulawarga kang
duwe hajatan mantu bakal antuk panjurung lan kalodhangan mirunggan saka
bebrayan sakiwa tengene murih kabeh acara lumaku kanthi apik.
Sadurunge
miwiti pasang tarub biyasane disedhiyakake sesaji mligi arupa sega
tumpeng, woh-wohan kayadene pisang lan klapa, jajanan pasar,
omben-omben, kembang maneka warna, daging kebo, gula klapa utawa gula
Jawa lan ubarampe sesaji liyane. Sesaji iki minangka pralambang donga
panyuwunan marang Gusti Kang Maha Kuwasa, lan uga kanggo nulak balak
saka krenahe titah alus.
Ubarampe tarub agung antarane tebu wulung.
Tebu wulung dadi pralambang antebing kalbu. Pasangan penganten bakal
mbangun bale somah kanthi antebing ati lan padha bebarengan ngupaya
kanggo njaga tetep raharjaning kulawarga. Cengkir gadhing cilik werna
kuning minangka ubarampe tuwuhan agung mralambangake gumelenging pikir
kang becik.
Tegese, pasangan penganten priya lan wanita bakal
padha-padha setya tuhu. Maneka warna gegodhongan seger kayadene godhong
ringin, majakara, alang-alang lan dhadhap serep mralambangake gegayuhan
supaya pasangan penganten bisa bebarengan mbangun kulawarga, bale
somah, kang tansah kalimputan kaslamaten, karaharjan lan kamulyan.
Ing
sandhuwure gapura peranganing tarub agung sing sinebut bleketepe,
digawe saka nam-naman janur sing digantung, mengku werdi kanggo
nundhung maneka rupa titah alus kang bakal nggiri godha lan ngreridhu
sing duwe hajatan mantu. Bleketepe iki uga mengku karep minangka
pratandha yen ing papan utawa omah kasebut nembe digelar upacara
pahargyan penganten.
Ngarep omah
Tembung tarub dhewe, miturut
andharan ing sawetara kapustakan kang ngrembug bab tata cara upacara
pahargyan penganten, asale saka tembung aran kang ngandhut pangerten
sawijining wangunan utawa gedhong kang asipat kadereng dening prelu
utawa darurat.
Gedhong utawa wangunan sing asipat kadereng dening
prelu iki racake didegake ing sangarepe omah kang nembe duwe hajatan
mantu lan mengku karep asipat rasional lan irasional. Karep kang asipat
rasional yaiku gawe tambahan papan kanggo nglenggahake para tamu, nata
meja lan ubarampe upara mantu.
Dene karep kang asipat irasional,
miturut andharan ing buku Upacara Pengantin Jawa, karyane Dr Purwadi
MHum lan Dra Enis Niken H MHum, yaiku ngracik tarub jumbuh kalawan adat
kang lumaku sinartanan maneka warna sarat mligi sing lumrah sinebut
sesaji. Ing bab iki ngandhut tapsiran kaslametan lair lan batin ing
tebane kang amba.
Dene ubarampe tarub kang kalebu mligi yaiku
tuwuhan. Ubarampe tuwuhan iki antarane sapasang debog pisang raja sing
wus awoh. Ubarampe iki ngandhut tapsiran supaya ing tembe mburi
pasangan penganten bisa dadi tepa tuladha ing urip bebrayan.
Kayadene
wit pisang utawa debog pisang iku bisa urip ing papan ngendi wae.
Pangajabe, pasangan penganten bisa urip manjing ajur ajer ing papan
ngendi wae.
Tuwuhan tebu wulung ngandhut pralambang antebing kalbu,
tekad kang gembleng lan gumeleng. Wulung ateges mulus, tapsirane murih
penganten bisaa mikir dhisik sadurunge tumindak. Saengga maneka
tumindak sing dilakoni sinartan tekad kang gembleng, ora tidha-tidha
lan tansah dikantheni tekad kanggo mulat sarira hangrasa wani.
Rong
janjang cengkir gadhing uga dadi ubarampe tuwuhan ing pasang tarub
agung. Klapa gadhing iki mralambangake kencenging pikir, kekarepan kang
gembleng. Pasangan penganten kaajab duwe kakarepan kang gembleng kanggo
nggayuh urip kang kebak kabagyan, tansah kalinton kaslamaten lan
kamulyan.
Ubarampe tarub liyane, kayadene godhong ringin, godhong
maja, godhong kara, godhong alang-alang lan gegodhongan liyane ngandhut
tapsiran murih pasangan penganten bisa urip ing bebrayan lan dadi
pengayomaning bebrayan. Lan ing tebane kang luwih amba, supaya sakabehe
bisa lumaku kanthi slamet lair batin lan ora nemu alangan sawiji apa. ::Dening: Ichwan Prasetyo::

No comments:
Post a Comment