Thursday, July 24, 2008

GULE KAMBING


Ingredients:
1 kg igo daging wedus, ketok2, biasane tukang daging-e gelem ngetok-i (de slager kan het voor jou in stuken zagen)
1 lt santen
6 wungkul brambang sing cilik.
6 siung bawang putih
6 wungkul kemiri
6 iji lombok abang gede
4 cm kayu manis (kaneelstok)
1 sendok teh polo bubuk
½ sendok teh jinten
1 sendok teh tumbar bubuk
1 sendok teh gulo putih
2 cm kunir, bakar disik
2 lenjer sere, jupuk ngisore, gepuk
4 lembar godong salam,
4 lembar godong jeruk purut,
Uyah sak cukupe.

Directions:

* Daging wedus digodog disik nganti umob mateng, angkat, banyune
diguwak (gunane kanggo ngurangi vet lan ambune). Godog ning panci maneh
nganti empuk.
* Brambang, bawang, lombok, kunir, kemiri, tumbar, jinten, uleg (blender) dadi siji.

* Panaske lengo ning wajan ± 3 sendok makan, tumis bumbu2 mau
nganti arum, lebokke kayu manis, gulo, godong salam, godong jeruk,
sere, polo, uyah. Aduk roto.
* Banjur lagi dilebokke daging
wedus-e, wolak-walik roto, lebokke santen-ne, masak nganti mateng lan
daging empuk. Yen durung empuk iso ditambah nganggo banyu panas. Angkat
yen wis mateng, lan daginge wis empuk tenan.
* Sajekno panas-panas, karo diwuwuri brambang goreng nduwure.

No comments:

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...