Kancil nyolong telane Mbok Randha
.
Ana sawijining dina, Kancil mlaku kledhang-kledhang ing alas.
Raine ketok suntrut sajak kaya dluwang diuntel-untel. Apa sing nyebabke Kancil dadi ngana kuwi? Mergane Kancil wit mau esuk durung mangan. Panganan ana ing alas wis nipis. Wit-witan padha ditegori uwong, dadine alase saiki wis ora kaya ndhek mbiyen. Alase saiki dadi panas amarga gundhul. Arep nggolek ngombe ya wis angel, sumber-sumber utawa tuk banyu wis akeh sing asat. Ya ngene iki pokal gawene menungsa, menus-menus tur ngangsa sing golek pangan.
”Cil..Kancil kowe kuwi ana apa ta, nduwe rai siji wae mbok tekuk kaya ngana kuwi?” pitkone Kethek.
”Oalah Thek Kethek... saiki pikiren ya, aku ki wis kawit esuk mau durung mangan babar blas. Lha iki sawangen wethengku wis kelet karo geger,” wangsulane Kancil karo nduduhake wetenge.
”Sing sabar ya Cil... soale sing keluwen kuwi ora mung kowe thok... kanca-kanca liyane sing manggon ing alas iki ya padha keluwen. Mergane akeh wit-witan kang ditegori wong sing ra tanggung jawab kae. Istilahe keren pembalakan liar kae lho Cil. Karo meneh sipate Pakdhe Singa sing arogan kepingin menang dhewe kae,” kocape si Kethek.
”Ya wis Thek, aku tak nyoba golek pangan ana ing ndesa kana, sapa ngerti aku enthuk panganan,” jawabe Kancil.
”Kowe arep nyolong panganan nggone warga desa kana? Oalah Cil..Cil... mbok sipatmu sing nyolongan kuwi diilangi. Ora becik, kowe kuwi wis terkenal nyolong timun lho Cil, apa kowe kuwi ora kepingin mari nyolong?” kandhane Kethek.
”Lha piye meneh ta Thek, tinimbang aku nyang alas kene mati kaliren, luwih becik aku golek pangan nyang njaba alas,” Kancil isih wangsulan.
”Sak karepmu Cil... sing penting aku wis ngandhani kowe.”
***
Ora let suwe Kancil wis tekan njaba alas. Kancil mundhuk-mundhuk golek panganan ana ing kebone uwong. Bareng wis cedhak Kancil banjur thoker-thoker lemah sak ngisore wit tela. Sawise kuwi Kancil banjur njupuki tela terus dilebokke plastik sing wis disedhiaake.
Kancil banjur mlebu alas meneh. Ana ing njero alas tela kuwi banjur dibakar. Dhasare Kancil lagi keluwen, tela kuwi dipangan nganti entek ora nyisa.
”Wahh.. enak tenan... wetengku dadi wareg, turu dhisik ahh,” kocape Kancil sinambi klekaran. Ya ngana kuwi gaweyane Kancil. Angger wetenge luwe mesthi mlayune nyang ndesa terus mbedholi wit telane uwong.
***
Ana ing njaba alas, sing nduwe kebon mau kang aran Mbok Randha nesu-nesu amarga wit telane padha ilang.
”Waduh Ndhuk... iki pokal gawene sapa ya... wit ditandur, durung nganti dipanen kok wis dipanen wong liya,” mengkono kandhane Mbok Randha marang anake.
”Lha inggih ta... kok nggih mboten mesakke. Mengke sonten mawon Mbok awake dhewe ndedhepi wonten mriki, sinten ta ingkang nyolong tandurane dhewe niki,” wangsulane anake Mbok Randha.
Lha tiba wayah sore, Kancil keluwen banjur bali nyang ndesa arep nyolong tela meneh. Sawise mundhuk-mundhuk kaya wong arep nyolong kae, banjur Kancil langsung thoker-thoker lemah nggunakake kayu. Lagi wae Kancil arep njupuki tela sing wis dilumpukke, Mbok Randha karo anake banjur nyekel Kancil saka mburi.
”Hayo... arep mlayu nyang ngendi kowe Cil... kowe kuwi apa ora kapok ta, bola-bali kowe digebugi uwong merga nyolong,” kandhane Mbok Randha karo njewer kupinge Kancil.
”Ampun.... Mbok... aku aja dijewer... aku kapok...aku kapok,” Kancil njerit-njerit sansaya seru.
”Kapok apa kowe, nyoh rasakna...,” wangsulane Mbok Randha karo nggebuki kancil karo sapu.
”Wis Mbok...aku kapok ora nyolong meneh,” njerite Kancil sansaya tambah seru kae.
”Ya wis kowe saiki tak lebokke kranji kene, yen kowe bener-bener kapok mengko tak pek mantu. Kowe arep tak rabekne karo anakku iki,” mengkono omongane Mbok Randha.
Tenan. Kancil dilebokke kranji sing digawe saka wesi terus diselehke nyang ngarep omah. Dheweke ora bakal isoh metu yen ora diewangi ngangkat kranji mau. Kancil ora percaya karo omongane Mbok Randha amarga dheweke ngerti yen Mbok Randha kuwi mung apus-apus arep ngepek mantu awake. Mbok Randha dikenal kejem, seneng mangan daging kewan. Banjur Kancil golek cara supaya bisa uwal saka kranji sing ngurung awake. Suwe Kancil anggone mikir karo nyekeli bathuke.
Pas banget.. lagi susah-susahe mikir banjur ana wedhus lewat ana cedhake kancil.
”Dhus...wedhus... renea dhisik tak kandhani,” guneme Kancil marang Wedhus.
”Ana apa Cil? Lho kowe kok bisa nyang kene ngapa? Kok dikranji sisan,” pitakone Wedhus.
”Ngene lho Dhus, aku ki sajane arep dirabekne karo anake Mbok Randha sing ayu moblong-moblong kae lho. Mula aku dipingit,” mangkono wangsulane Kancil.
”Kowe arep dirabekne karo anakke Mbok Randha?” pitakone Wedhus sajak ora percaya.
”Iya Dhus, aku arep dirabekne. Mbok Randha ya arep ngrabekne anakke sing sijine. Anakke kuwi kembar, loro kabeh padha ayune. Lha iki lagi arep golek sing cocok. Kowe gelem ora Dhus dadi mantune Mbok Randha,” apus-apuse Kancil.
”Mosok ta Cil? Ya yen dadi mantune Mbok Randha aku gelem-gelem wae. Yen ngana kuwi jenengen ketiban mbulan Cil,” wangsulane Wedhus.
”Ya kowe yen gelem, saiki kowe ya mlebua nyang kranji kene. Paling sesuk esuk acara mantune diwiwiti. Yen kowe wis mlebu, aku tak metu dhisik, soale ndek mau aku dikongkon Mbok Randha golek janur ana alas.”
Sawise Wedhus mlebu, banjur Kancil metu saka kranji. Sawise pamitan arep golek janur, banjur Kancil mlayu mlebu alas.
Ana ing njero kranji, Wedhus sajak bungah atine. Mbayangake arep dipek mantu Mbok Randha. Gaweyane Wedhus mung ngalamun karo mesam-mesem.
Sawise rada suwe ditinggal Kancil, banjur Wedhus keturon ana ing kranji. Ing wayah sore, Mbok Randha karo anake marani Kancil sing nyang njero kranji karo nggawa lading sing mingis-mingis. Rencanane Kancil mau arep dibeleh terus daginge arep dienggo lawuh.
Wedhus ngerti tekane Mbok Randha karo anake. ”Wah ya ayu tenan anake Mbok Randha. Mendah bungahe atiku isoh sesandhingan karo anakke Mbok Randha,” mangkono batine Wedhus.
”Lho lha kok kowe sing nyang njero kranji Dhus. Kancil ana ngendi?” pitakone Mbok Randha.
”Lha sajare Kancil, njenengan aken Kancil pados janur wonten alas kagem mantu. Kula ingkang njagi ten mriki Mbok,” wangsulane Wedhus.
”Arep mantu sapa?”
”Kancil wau sajar, Mbok Randha ajeng mantu putrane ingkang kembar. Setunggal kangge Kancil, lha setungale kangge kula.”
”Wadhuh... Dhus... kowe diapusi Kancil ya, aku ora arep mantu. Terus anakku kuwi ya mung siji kuwi. Aku ora nduwe anak kembar. Sakjane ngene lho Dhus, Kancil kuwi kerep nyolong tanduranku, lha terus tak cekel, tak kranji. Iki arep tak beleh arep tak nggo lawuh mengko bengi,” kandhane Mbok Randha.
”Dados kula mboten siyos dirabekne Mbok?” pitakone Wedhus.
”Dirabekne? Apa kowe kuwi ora ngilo, lha rupamu kuwi elek, ambumu ledhis kok arep dadi mantuku, ora sudi! Wis kana ndang ngalih kana,” wangsulane Mbok Randha karo ngeculke Wedhus mau. ::Dening: Purwanto::

No comments:
Post a Comment