Jurnalisme sastrawi kanggo nulis warta
Nulis lapuran wigati bab sawijining pagelaran seni tradhisi apadene kontemporer, apike nggunakake cakrik jurnalisme sastrawi. Iki kanggo ngawekani kahanan yen ing sawijining pagelaran seni iku sumimpen kanyatan sing kayadene undhak-undhakan.
Sastrawan kang uga juru warta, Triyanto Triwikromo, ngandharake, kanyatan kang sumimpen ing sawijining pagelaran seni kang asipat kadidene undhak-undhakan iku, ndadekake kasunyatan kang bisa dipindeng lan didhudhah ora mung siji.
Kanyatan kapisan bakal nggawa marang kanyatan kapindho, kanyatan kapindho bakal nggawa marang kanyatan katelu lan sapiturute. Pira akehe kanyatan kang bisa dipiyak, gumantung marang sepira akehe pancatan utawa referensi sing diduweni dening sing mindeng.
Kanthi sarana jurnalisme sastrawi, sawijining juru warta, utawa warga umum ing seneng nulis, uga para kritikus utawa panyaruwe kanthi wewaton gumathok, bakal bisa nlusuri apa kanyatan kang sumimpen ing sawijining pagelaran seni.
Kepriye cara ndhudhah lan nyugatakake kasunyatan-kasunyatan iku ing sawijining tulisan, miturut Triyanto, nalika hamicara ing acara Workshop Sastra: Penulisan Kritik Esai dan Jurnalisme Sastrawi, ing Wisma Seni Taman Budaya Jawa Tengah (TBJT) Solo, dina Minggu (29/6), bisa kawujud kanthi sarana jurnalisme sastrawi. Acara iku dibabar dening Kabut Institut tembayatan kalawan TBJT Solo utawa Taman Budaya Surakarta (TBS).
Ing kalodhangan kang padha, Pangarsa Redhaksi Kalawarti GONG, Media Seni dan Pendidikan Seni, Hairus Salim HS, ngandharake, jurnalisme sastrawi utawa katelah uga jurnalisme kesusastraan yaiku jurnalisme kang nggunakake kasusastran kanggo nulis warta.
Lapuran wigati
Arepa sinebut jurnalisme sastrawi, miturut Hairus, sejatine tetep jurnalisme, sing kudu lelandhesan kasunyatan. Amarga iku, nalika sawijining kritikus utawa juru warta, lan uga warga bebrayan umum sing dhemen nulis, arep mbabar lapuran wigati ngenani sawijining pagelaran seni kudu gelem ndhudhah saka maneka sumber.
”Yen ora gelem ndhudhah saka maneka sumber, asile tulisan samengkone mung wates lapuran bab pagelaran sing dibabar, bisa pagelaran teater, kethoprak, wayang kulit, wayang wong, beksan lan liyane. Sipat tulisan ora bakal narik kawigaten amarga wujud lan isine mung wates resensi utawa dhudhahan bab pagelarane,” piterange Hairus.
Ing sangarepe pasarta workshop sing cacahe udakara 50 kanoman, priya lan wanita pandhemen kasusastran iku, Hairus nambahake, jurnalisme sastrawi bisa kawujud kanthi pambiyantune ilmu etnografi, yaiku etnografi kang asipat awam. Lan asil tulisane bisa nggunakake basa apa wae.
Nyuplik andharane antropolog saka Universitas Gadjah Mada, Heddy Shri Ahimsa Putra, etnografi awam yaiku cakepan panaliten sosial sing lumrah ing jagad antropologi nanging ditrepake lan didadekake sarana nulis dening wong sing ora pana ing ilmu antropologi.
Etnografi awam yaiku etnografi sing lumrahe ditrepake lan dadi sarana nulis tumrap para juru warta. Jinis-jinis tulisan sing ngetrepake lan nggunakake etnografi iki lumrahe kaemot ing ariwarti lan kalawarti popular.
Cakepan nulis ngetrepake etnografi iki lumrahe ditegesi minangka cakepan panaliten sing panalitine ambyur, kepara njerum, ing urip lan panguripa padinan underan sing ditliti lan sabanjure dadi ubarampe tulisan.
Triyanto sarujuk kalawan andharane Hairus iki. Nanging emane, miturut Triyanto, cakrik tulisan jurnalisme sastrawi iki kangelan kaemot ing ariwarti. Iki amarga winatese kaca ing ariwarti. Winatese kaca iki uga kang ndadekake cakrik tulisan jurnalisme sastrawi ora enggal ngrembaka ing jagad medhia massa cithak ing nagara iki.
Dene wujud jurnalisme sastrawi dhewe, racake pancen mbutuhake kaca kang akeh yen arep dibabar ing ariwarti utawa kalawarti. Cakrik tulisan mangkene iki kudu netepi pitu ubarampe kaya andharane Robert Vare.
Pitu ubarampe kasebut yaiku kasunyatan, dumadine cecongkrahan utawa beda panemu lan sikep, watak, kalodhangan kanggo ambyur ing underan sing ditulis, rasa pangrasa, lumakune wektu lan bab sing ditulis kudu asipat anyar, dudu kedadeyan sing wus telat. Wujud tulisane kadidene babaran crita. ::Dening: Ichwan Prasetyo::

No comments:
Post a Comment