Thursday, July 24, 2008

LUMPIA SEMARANG


Ingredients:
BAHAN KANGGO KULIT LUMPIA:
150 gr glepung trigu
50 gr glepung maizena
200 ml banyu adem
1 endog pitik
3 sendok makan lengo goreng
1½ sendok teh uyah

BAHAN KANGGO ISI LUMPIA:
200 gr rebung (bamboescheuten)
100 gr taoge
250 gr urang
200 gr daging pitik (kipfilet)
4 wungkul cilik brambang
3 siung bawang putih
1 sendok makan kecap manis
1 sendok makan taoco manis
1 sendok makan saus tirem (oestersaus)
½ sendok teh mrico bubuk
½ sendok teh uyah
1 bungkus bouillon (blokjes)
Lengo goreng sak cukupe dienggo nggoreng

Directions:
CORONE NGGAWE KULIT LUMPIA:

* Glepung trigu, banyu , endog pitik, uyah lengo goreng campur dadi
siji, udek nganggo sendok kayu nganti alus lan kalis temenan. Dijarke
disik watoro 30 menit.
* Panaske wajan Teflon, olesi nganggo lengo disik tipis2, lagi dicetak koyo nggawe dadar sing tipis. Sisihno.
* Ulangi nganti bahan mau entek. Kanggo 30 lembar.

CORONE NGGAWE ISI LUMPIA:

* Brambang, bawang dirajang alus, daging pitik godog setengah mateng,
iris kotak-kotak cilik, urang diresiki, banjur dicacah, ora sah
alus-alus.
* Rebung soko kaleng (blik), iris miring cilik2.

* Panaske wajan isi lengo ± 2 sendok makan, tumis/gongso
brambang, bawang nganti layu / arum, lebokke taoco-ne, daging ayam,
urang, banjur rebung, wolak-walik roto, banjur kecap, saus tirem, mrico
bubuk, uyah katutno, aduk roto. Angkat.
* Yen wis tumisan adem lagi tauge dicampurno sing roto.

* Jupuk sak-lembar2 kulit lumpia , isi karo tumisan mau ± 2
sendok makan, lempit kiwo tengene, banjur digulung mlebu, dadi wujude
bunder dowo, pinggire ditutup karo lim , nganggo putih-e endog .
* Panaske lengo ning wajan, geni ora sah gede2, goreng lumpia nganti kuning ke-soklat-an.
* Sajekno panas-panas karo sambel botol-an utowo saus taoco, lalap lombok rawit , prei (bosuitjes)

No comments:

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...