Wednesday, July 16, 2008

Ayo bebarengan ambegan

Ayo bebarengan ambegan









Ayo
bebarengan ambegan! Apa iki aneh, kita sok krungu: ayo mangan
bebarengan, ayo mlancong bebarengan, ayo nembang bebarengan. Durung tau
awake dhewe ngajak kanca utawa keluarga ambegan bebarengan.



Kita
prelu kadhang kala ngajak kanca utawa sadulur liya ambegan bebarengan.
Awake dhewe iku harak urip bebarengan ana donya, hawa kang diserot lan
diwetokake iku darbeke sakabehe manungsa utawa sakabehe titah kang urip
ana donya. Marga iku perlu njaga resike hawa. Lamun aku kowe kabeh ora
njaga resike hawa kang kawetoake saka kebule rokok, keluke pabrik,
radioaktif lan sapanunggalane, kabeh mau bisa mateni sakabehe kang
tumitah ana ing alam donya.
Tumrap sapa wae sing gawe regede hawa
iku kena diarani wong anti sosial amarga ora nggatekake anggone
bebarengan urip ana ing donya. Manawa hawa sing ana ing sakubenge awake
dhewe iki kacampuran rereged utawa polusi iku bebayani tumraping
kesarasan lan urip bebarengan. Mulane perlu banget ayo padha
nglengganani perlune ambegan bebarengan. Mulane padha sumurupana yen
kebutuhane manungsa iku ora mung mangan, mlancong lan menyanyi wae,
nanging uga perlu banget tansah bebarengan ambegan. Aya padha
bebarengan ambegan. ::R Soelamdi WP, Triyangan RT 01/RW 06, Mojolaban, Sukoharjo.::

No comments:

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...