Thursday, July 24, 2008

BAKWAN SARANG BURUNG


Ingredients:
150 gr glepung trigu (tarwe bloem)
100 gr tauge
100 gr jagung (in blik)
1 lenjer prei, ngisore wae
3 lenjer selderi
100 gr urang sing wis resik
2 iji endog pitik
1 sendok teh bawang putih bubuk
½ sendok teh mrico
Uyah sak cukupe
Lengo goreng sak cukupe

Directions:
* Taoge kumbah resik, di- atus- ke, prei lan selderi rajang alus.
* Kocok endog pitik-e, yen wis rampung carup karo glepung trigu-ne, uyah, mrico, aduk roto. (cicipi disik) (zout naar smaak)
* Lebokke taoge, jagung, prei, selderi pisan, aduk roto.
* Panaske wajan isi lengo, banjur di- goreng, nganggo citakan sendok sayur/ irus kayu.

* Corone nggawe: sendok sayur-e / irus kayu, di- kum disik ning lengo
panas, angkat, lagi isi karo adonan mau, urange tumpangke nduwure,
sawuri karo lengo panas, banjur celup ning wajan nganti kerendem lengo
goreng, adonan bakale ucul dewe soko sendok sayur mau, goreng
wolak-walik nganti kuning ke-soklat-an (bruinachtig)
* Angkat lan sajekno anget-anget, karo lalap lombok rawit.

No comments:

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...