Thursday, July 24, 2008

WEDANG RONDE


Ingredients:
150 gr glepung ketan
125 ml banyu anget
1 sendok teh banyu enjet (kapur sirih)
1 sendok teh uyah
100 gr kacang tanah sing wis oncekan (pinda´s zonder vlies)
25 gr wijen (sesamzaad)
275 gr gulo putih
500 ml banyu adem
8 cm jahe, dibakar, terus digepuk
2 cm sere, jupuk ngisore, gepuk
2 lembar godong pandan

Directions:

* Glepung ketan, banyu anget, banyu enjet, ½ sendok teh uyah,
campur dadi siji. Uleni roto, banjur dibage loro, sing siji diwenehi
jinggo abang.
* Kacang tanah (pinda´s) wijen, digoreng tanpo
lengo (roosteren), banjur di blender loro2 ne, lebokke 75 gr gulo
putih-e, ½ sendok teh uyah, 2 sendok makan banyu anget. Blender
nganti alus. Gawe bunderan2 cilik2.
* Adonan glepung ketan werno
loro mau, jupuk sak sendok2 makan, banjur isi karo bunderan soko kacang
tanah / wijen mau, tutup sing rapet.
* Panaske panci isi banyu,
godog nganti umob, banjur bunderan2 sing wis di-isi , cemplungke ning
panci siji2, nganti mumbul dewe / mateng , banjur diangkat.
* Bunderan2 sing wis mateng mau, (jenenge Ronde) lebokke / di-kum ning banyu gulo.

* Corone nggawe banyu gulo-ne , 500 ml banyu adem, campur 200 gr gulo
putih, godog nganti umob. Angkat , banjur ronde cemplungno. (Di-kum
ning banyu gulo)
* Corone nggawe wedang jahe-ne: Engkrongke panci
isi ± 1 lt banyu, jahe sing wis digepuk lan dibakar,
dicemplungke, ½ sendok teh uyah, sere, godong pandan, godog
nganti umob, banjur disaring.
* Sajekno panas-panas.

No comments:

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...