Wednesday, July 16, 2008

Sandiwara radhio ditinggal sponsor

Sandiwara radhio ditinggal sponsor









Teater
utawa ing masarakat Jawa kaprah disebut sandiwara pancen ngadhepi
owah-owahan jaman sing ora bisa diselaki, tundhone ndadekake sansaya
kasingkur dening bebrayan.



Teater tradhisi sing duwe ciri mligi nggunakake basa Jawa ing pagelarane, sansaya disingkur dening masarakat.
Kethoprak,
wayang wong, ludruk, janger saka Banyuwangi kang kalebu ewone sandiwara
utawa teater tradhisi sansaya dikiwakake dening bebrayan. Yen ana
pagelaran, sing nekani ya mung komunitas sutresna seni tradhisi.
Miturut
Ardisurya, 38, seniman kang nate melu ing Sanggar Shakuntala Surakarta,
nalika wawangunem kalawan Espos, sawetara dina kapungkur, minangka
perangane teater tradhisi, sandiwara radhio basa Jawa yektine isih akeh
sutresnane.
Emane, sasuwene iki para seniman/seniwati sandiwara
radhio kelangan daya kanggo ngracik pagelaran sandiwara radhio sing
narik kawigaten lan jumbuh kalawan kahanan bebrayan jaman saiki.
Kamangka sarana basa Jawa sing digunakake ing pagelarane ngandhut
maneka warna tapsiran sing asipat adiluhung lan edi peni tumrap upaya
mbangun bebrayan.
”Sing cetha, ing taun-taun pungkasan iki,
jagad sandiwara radhio basa Jawa kalah dening pasugatan kagunan lan
seni teater liyane kang asipat visual. Lan sing akeh dhewe nggunakake
sarana giyaran ing tivi. Banjur ana saperangan sing nggunakake VCD/DVD
lan Internet,” piterange Ardi.
Dene racikan teater tradhisi
sandiwara radhio basa Jawa, miturut Ardi, genah mbutuhake prabeya wiwit
nganggit naskah, gladhen, nganti digiyarake ing sawijining stasiun
radhio. Ndalem taun 1980-an nganti wiwitan taun 1990-an, miturut Ardi,
akeh sponsor sing gelem nyumadhiyakake prabeya kanggo nggelar sandiwara
radhio.
Yen ana sponsor sing gelem urun prabeya kanggo ngracik lan
nggelar sandiwara radhio basa Jawa, jarene Ardi, yektine isih bakal
ditampa dening bebrayan Jawa. Sing dibutuhake mung racikan pagelaran
lan lakon sing kudu dijumbuhake kalawan kahanan bebrayan jaman saiki. ::pra::

No comments:

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...