Thursday, July 24, 2008

SEGO RAWON (dudu SEGAWON)


Ingredients:
1 kg daging sapi
8 iji brambang cilik
6 siung bawang putih
3 iji lombok abang gede
4 wungkul kemiri
1 cm kunir
4 lembar godong jeruk purut
2 lenjer sere ( jupuk bonggole banjur digepuk)
1 sendok teh gulo pasir
1 sendok teh tumbar bubuk
1 sendok teh mrico bubuk
10 iji kluwak ( jupuk daginge kluwak, di-kum ning banyu panas )
1500 ml banyu adem
2 sendok teh uyah ( naar smaak)
3 sendok makan lengo sayur dinggo numis.

Directions:
* Daging kumbah disik, banjur iris persegi kotak.
* Engkronge panci isi godog nganti umob, banyu daging dilebokke.
* Bumbu2 uleg alus / blender.

* Panaske lengo ning wajan, banjur bumbu2 mau gongso nganti arum lan
layu, lebokke godog jeruk lans ere ne pisan, uyah. Lagi bumbu2 mau
cemplungke ning panci isi daging. Godog nganti daginge empuk lan
bumbune mresep.
* Kurang uyah iso ditambah semono ugo banyu/ duduh / saus rawon mau ora oleh sat.
* Yen wis daging wis empuk tenan, banjur diangkat.
* Sajekno karo sego putih, lalap tauge mentah, sambel trasi lan krupuk urang. Nduwure rawon dipyuri brambang goreng.

No comments:

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...