Thursday, July 24, 2008

BRONGKOS THOLO

Description:
Brongkos Tholo meniko kulo serat amargi kangen
kulo dateng masakan meniko. Raos kangen meniko dumadakan medal amargi
ing kantor kulo luwe sanget, lan kemutan wekdal warso enggal kepengker
kaliyan budhe pun damelaken brongkos. Pranyoto brongkos tholo wanci
ngangeni!

Ingredients:
Isninipun maneko warno;

Tahu
Kacang Tholo
Daging sap, utawi ayam ayam supados langkung ngirit
Kluwak supados cemeng
Santen,
Ron Salam,
Bawang lan Brambang
Lombok Rawit,
Waluh utawi Jipang
Laos,
Tumbar,
Ron Jeram,
Ron Sere,
Lisah Klentik,
Jahe
Kunir
Tigan
Kencur
Gendhis pasir lan Sarem
Menawi kirang sayuran pun tambahi buncis

Directions:
Tahu
pun iris kotak-kotak, ayam-ayam ugi. Lan tigan nipun sampun pun rebus.
Waluh lan buncis ugi pun rajang. Bumbu kados bawang brambang tumbar,
kluwak, jahe, kunir, kencur gendhis pasir lan sarem pun uleg ngantos
campur. Lajeng pun tumis lan pun tambahi ron jeram, salam, lan serai
ngantos mateng. Lajeng pun siram kaldu bekas rebusan ayam ayam lajeng
tahu ayam ayam waluh/jipang lan buncis pun lebetaken sesarengan.

Menawi
sampun alum sekedhik lajeng pun sok i santen. Kaliyan pun aduk alon
alon dipun tenggo ngantos umob. Lajeng pun byuri kacang tholo lan
lombok rawit. Sakbibaripun lajeng pun icipi mawi sekul anget....

Uwiiiiihhhh lak mak nyussssss...


Menawi
ing Jakarta saget nyobi ing mbah jingkrak, ananging radi awis setunggal
porsi selangkung ewu. Monggo pun priksani brongkosipun
http://www.mbahjingkrak.com

No comments:

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...