Friday, August 29, 2008

Pasaran

Apa sebabe dina kok nganggo pasaran barang. Dina pasaran kuwi ana artine, ora bakal ana petungan lan jeneng ora ana tegese; mung ngerti tegese kuwi apa, sing rada angel. Aku wis tau krungu setithik bab Pasaran iki, yokuwi Pon, Wage, Kliwon, Manis, Pahing.

Pasaran kuwi ana hubungan dengan sifat manusia waktu dia dilahirkan atau dalam kehidupan sehari-hari, baik sifat, tabiat maupun dalam menjalani proses hidup didunia. Miturut petungan sifat pasaran terbawa pada yang mempunyainya dan mempengaruhi watak dan jalan hidup seseorang.

Pasaran ana lima, masing-masing duwe werna lan sifat dasar dewe-dewe, kayata;

Manis - Putih - Legi

Pon - Kuning - Kecut

Pahing - Abang - Gurih

Wage - Hitam - Asin

Kliwon - Hijau - Campuran


Yen petungan cina beda meneh, ana unsur: Kayu, Api, Tanah, Air, Logam. Air kalah oleh tanah. Tanah kalah oleh kayu. Kayu kalah oleh logam. Logam kalah oleh api dan Api kalah oleh air. Ini merupakan suatu siklus kehidupan yang berpengaruh menyang kehidupan manusia.

Yen siklus kehidupan manungso menurut Pasaran Kejawen ngene.

Bayi sing lagi lahir nganti tekan cah cilik, duwe sifat Legi warnane putih, lan senengane sing legi-legi; iki dadi sifate cah cilik. Nek wis rada gede sithik, gedene kira-kira wis wiwit mlebu sekolah SMP-3, senengane sing kecut-kecut kayata duwet, warnane Kuning lan sifate nakal. Tambah gede maneh senengane panganan sing gurih-gurih warnane abang lan duweni sifat wani, dadi wiwit duwe sifat protes, nglawan lan gelut. Munggah meneh senengane asin warnane ireng, wiwit nginjak pikiran dewasa lan wiwit pacaran sampai kawin. Sifat terusane wiwit dewasa, wiwit nyedaki sing gawe urip lan wis dewasa.

Siklus iki wiwit saka lahir tekan wong dewasa. Tiap orang tidak persis sama tetapi bisa diperkirakan, ana sing luwih cepet dewasa, ana uga sing telat. Tergantung orang masing-masing dan suasana kehidupannya, tetapi secara biologis dan normal sifat ini dicapai pada umur-umur tertentu.

Apakah kalau sudah sampai tahap dewasa akan berhenti disitu, jawabannya bisa ya dan bisa tidak. Banyak orang yang sudah dewasa dan sudah matang, kembali lagi kesiklus awal (nglungsungi). Banyak orang dewasa kembali kekanak-kanakan, terus mulai lagi nakal, mulai lagi berani, mulai lagi suka asin (gatekna sing tenan) dan kembali lebih dewasa lagi. Satu orang dalam menjalani siklus ini bisa lebih dari satu kali. Banyak eyang-eyang yang sifatnya koyo cah cilik, ana uga jaman cah cilik ning wis katon dewasa, sapa hara!

Pasaran kuwi dadi sifat lahire bocah lan digawa terus lan ora isa ilang. Bocah sing lahire Pon yen wis gede seneng kerja dadi pangreh praja lan seneng mikir. Sing lahir Wage duwe bakat dagang (biarpun dadi pangreh praja, sifat dagangnya tetap melekat). Sing lahir Kliwon seneng kerja utawa pekerjaan yang berunsur keTuhanan. Legi seneng jadi pekerja yang ulet lan Abang cocok dadi soldadu. Petungan ini bisa dipakai sebagai ancar-ancar untuk membimbing anak putu untuk meraih masa depannya dan mencoba untuk mengerti sifat-sifat kerabat lan handai taulan sekalian.

----------------------------
Menawi wonten postingan ingkang sejenis, mangga link-ipun dipun serat wonten reply.

No comments:

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...