Friday, August 29, 2008

Coba Urutan Keturunan Iki Direnungake ya?



  • Pira Bapak – Ibumu ? 2
  • Pira Embahmu ? 4
  • Pira Embah Buyutmu ? 8
  • Pira Embah Canggahmu ? 16
  • Pira Embah Warengmu ? 32
  • Pira Embah Udheg-udhegmu ? 64
  • Pira Embah Gantung Siwurmu ? 128
  • Pira Embah Grepak Senthemu ? 256
Saiki tak wiwiti sing paling cedak, embah.
Embahmu papat, saka Bapak 2 saka ibu 2. Kowe ijih kenal karo putra-putrine simbah selain bapak lan ibumu, yaiku Pakde-Mbakde utawa Paklik-Mbaklik. Ijih lengkap ora?

Lha yen wis canggah, waduh ambyar tenan! Ra kenal. Apa maneh yen saka mbah Grepek Senthe sing jumlahe 256 kuwi sedulurmu sansaya rakaru-karuan.

Liding dongeng, merenungkan urutan keturunan, sapa ngerti jan-jane aku karo kowe ijih sedulur tunggal mbah Grepak Senthe lho utawa kowe karo bojomu ijih tunggal mbah Canggah.

Wallahu alam.

No comments:

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...