Friday, August 22, 2008

Aku Jagong Akad nemu Gendar karo Cenil

Aku mau jagong pnakanku sing rabi ana gedung Serba Guna Senayan.... acarane Akad NIkah

Lha wis biasane to, ngliwati meja prasmanan ana gelaran Gendar karo Cenil, wah kebeneran ki wis suwe ora tau ciak pangana loro kuwi.
Kocap kacarita Gendar karo Cenil kuwi wis tak inceng, suwe ora kepethuk iki panganan.
Terus tak potret wae sik ora ketang isih ana plastike, arep tak bukak rak ya isin karo tamu liyane apa meneh yen arep nyuwil iso dikamplengi sing tata dhahar.

Batinku, pokoke mengko bar acara akad langsung yen wayah prasmangan arep tak dhisiki tak potret njur tak rasakke... karepku ngono...
E jebul sakwetoro weto aku mubeng mrana-mubeng mrene klalen yen acara akad wis rampung njur para undangan dikon ngicipi soe goe han-e.....

Bareng kelingan meja prasmanan wis kebak bak dirubung tamu sing ketoke ya pada kaliraen wong acara akad jam 09.00 trus bubare jam 11.00. Lha padahal tampahe Gendar karo Cenil kuwi cedhak karo bangsane sego opor lan liya-liyane lha mesti wae aku kangelan arep motret wong tamune wis pada uyel-uyelan.

Wah kojurane.... lha yen ora tak dhisiki motret iso-iso barang wis kaya dieker-eker pitik awut-awutan.... lha yen ngono rak ya ora wangun..... eee. jebul tenan.

Ya wis oa sido dipotret wae, aku malah melu mangan sisan wong dasare aku ya luwe tenan, lumayan mangan sego anget nganggo jangane jipan piringe diwenehi godong gedang terus nganggo lawuh endog separoh, jan koyok jaman ana ndesa kae, lumayan.. tamba ngelih.
Urusan motret Gendar karo Cenil tak lalekke wae.... njur kuwi aku mulih, mengko bengi resepsine yen iso ya aku teko.

Iki tak duduhi gambar cenil ketutup plastik, terus ana wedang strup sing rupane abang, yen sing tengen ngisor kuwi sing gelas isine warna soklat terus ndhuwuer ana busane aku rak mudeng.

Yen sing iki gambar Gendar Pecel. galo kae karake wis ngundang-ngundang...

Wis sakmene sik.... rada angel ki nulis nganggo basa Jawa laporan pandangan mata..

Dibacutake yen karep...

No comments:

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...