Friday, August 29, 2008

Keris Pusaka - Carane Niteni

Yen ana sing duwe hobi nglumpukake pusaka umpamane keris, ning ora ngerti keris kuwi keris pusaka lan apik apa ora; ana carane nitik keris. Yen wis pahamt carane iso ngerti keris kuwi keris pusaka apa dudu lan pusaka kuwi sifate apik apa ora .

Step 1.
Yen keris dilolos saka wrangkane, neng pernah ngisor gagang keris utowo pangkal keris sisih pinggir sing lancip dibentuk tulisan Jawa DHA (digambar A). Bentuke tulisan Jawa DHA kaya huruf latin W. Yen neng pangkal keris ana ujud DHA utowo W, keris kuwi mlebu keris pusaka. Yen ora ana yo mung keris-kerisan kanggo hiasan.

Step 2.
Ukur jarak ujung keris dan pangkal keris (gambar garis 1-2), umpamane ketemu 39 cm, terus diporo telu ketemu 13 cm. Diukur jarak 13 cm saka duwur/pangkal keris utowo 26 cm saka ujung keris, ketemu titik nomer 3 kaya ing gambar. Ngukure gampang nganggo benang.

Step 3.
Saka titik nomer 3, diukur diameter keris (ing gambar garis K–L), diukur umpama ketemu diametere keris 2,75 cm.

Step 4.
Panjang garis (1-2) 39 cm diporo diameter keris (garis K-L) 2.75 cm, ketemu 14,18 dianggep 14 sisa 0,18 dibuwang.

Step 4.
Angka 14 dikurangi 9 sisa 5 (Lima). Ongko 5 iki ongko kunci.

Miturut petungan Empu sing gawe keris, yen sisane 5 munggah kuwi keris sing apik Sing kurang becik yen sisane ganep koyo 8, 6, 4, 2 sing rodo becik yen sisane 7, 5, 3, 1. Sing paling ora apik yen sisane 8 lan sing paling apik yen sisane 9.

Dadi yen duwe keris ana bentuk Dha lan ketemu 9 ojo dilepas, yen duwe keris nganggo Dha ning ketemu 8 cepet-cepet dibuwang wae.

(Apa keris Empu Gandring ki ketemune sisa 8. Empu jaman biyen yen gawe keris ora baen-baen petungane njlimet, iki lagi petungan ukuran, ana meneh lija-lijane)

No comments:

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...