Friday, August 29, 2008

Arane Wong





01. Jaka : bocah lanang sing wis diwasa
durung rabi
02. Jaka jebug : jaka sing wis tuwa
03. Dhudha : wong lanang sing wis ora duwe
bojo
04. Dhudha kembang : dhudha sing isih enom durung
duwe anak
05. Dhudha kawuk : dhudha sing wis tuwa
06. Dhudha bangsong : dhudha mlarat sing sugih anak
07. Dhudha kalung : dhudha sing duwe anak wadon bisa
ngopeni
08. Kaki : wong lanang sing wis tuwa banget
09. Kyai : wong lanang sing diajeni
10. Prawan : bocah wadon sing wis diwasa
durung rabi
11. Prawan sunthi : prawan cilik (prawan kencur)
12. Prawan gendhor : prawan kasep
13. Randha : wong wadon sing wis ora duwe
bojo
14. Randha tanggung : randha sing isih enom
15. Randha kembang : randha enom sing durung duwe
anak (wulanjur)
16. Randha kisi : randha sing duwe anak lanang
17. Randha kasihan : randha mlarat anake akeh
18. Randha keringan : randha sing sugih
19. Randha menter : randha sing panggonane sarwa
apik
20. Nini : wong wadon sing wis tuwa banget
21. Nyai, nyi : wong wadon sing diajeni

No comments:

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...