Ngluwari Cakra Manggilingan
Dening : Sindhunata
ESUK mau kembang puring iku isih ijo kuning. Sore iki
kembang puring mau wis ngalinthing garing. Dakawe-awe
tekamu, kang teka mung ayang-ayangmu. Jebul urip iki
dawane mung saumure kembang puring; esuk sumringah
mekar ijo kuning, sore mingkup garing angalinthing.
Katone, kaya kembang puring mau, urip iki bakal sirna.
Nanging sejatine, urip iki ora bakal sirna. Urip iki
mung kudu bali menyang asale. Mula ana tembang
dhandhanggula kuna, warisane para leluhur, kang nganti
saiki tansah ngumandhang:
Kawruhana sejatining urip/urip ana jroning alam
donya/bebasane mampir ngombe/umpama manuk mabur/lunga
saka kurungan neki/pundi pencokan benjang/nyawa kongsi
kaleru/umpama lunga sesanja/njan-sinanjan ora wurung
bakal mulih/mulih mula mulanya.
Ana ing ngendi paranku, sarampunge aku mampir ngombe
ing donya iki?
Endi pencokanku, sawise aku mabur saka kurunganku ing
donya iki?
Menyang ngendi aku bakal mulih, sawise aku
njan-sinanjan ing donya iki?
Pitakonan-pitakonan iku mratelakake menawa donya iki
dudu papanku kang langgeng, lan uripku ing donya iki
mung sawetara wae. Mula tembang Seh Sitijenar gubahan
Raden Panji Natara kang banjur ginubah maneh dening
Bratakesawa ngendikake mangkene: "Kowe padha kuwalik
panemumu, angira donya iki ngalame wong urip, akerat
kuwi ngalame wong mati; mulane kowe pada
kanthil-kumanthil marang kahanan ing donya, sarta
suthik aninggal donya."
Yen donya iki dudu ngalame wong urip, banjur ngalame
sapa?
Wangsulane tembang Seh Sitijenar: "Sanyatane, donya
iki ngalame wong mati, iya ing kene iki anane swarga
lan naraka, tegese, bungah lan susah. Sawise kita
ninggal donya iki, kita bali urip langgeng, ora ana
bedane antarane ratu karo kere, wali karo bajingan."
Piwulang ing dhuwur iku ora negesake menawa uripku ing
donya iku mung muspra, tanpa tanja. Babar pisan ora.
Kang dadi surasane, aja nganti uripku ing donya dadi
kurungan kang ngunjara aku nganti aku ora bisa mabur
mulih ing pencokanku kang langgeng, ya taman pirdus,
papan panggonanku kang murugake aku ora
kaontang-anting dening prahara bungah lan susah kang
tan ana enteke.
Aku ora bakal kuwat yen uripku tansah digiling cakra
manggilingan kang tanpa kendhat: sedhela susah,
sedhela bungah; sedhela mukti, sedhela kere; sedhela
menduwur, sedhela mengisor; sedhela tentrem, sedhela
bingung. Sepira kapenake kabungahan yen aku weruh
sedhela maneh aku bakal kelindhih ing kesusahan?
Sepira enake kamukten, yen aku weruh sewektu-wektu aku
uga bisa dadi kacingkrangan?
Aku kepengin uwal saka cakra manggilingan mau. Anteng,
tanpa bungah lan susah. Cukup, tanpa mukti lan
kecingkrangan. Meneng, tanpa tentrem lan kabingungan.
Rasa kaya mengkono iku bisa kagayuh menawa aku
ngrumangsani, kabeh kahanan ing donya iki padha njaluk
balik ing purwane. Isi kuwi ana merga ana suwung. Mula
kabeh kang mengku isi, ya njaluk bali menyang suwung.
Ana kuwi ana merga ora ana. Mula kabeh kang ana ya
njaluk bali menyang ora ana. Rame kuwi saka sepi. Mula
kabeh kang rame uga bakal bali menyang sepi. Manungsa
kuwi asale saka lemah. Mula manungsa uga bakal bali
menyang lemah.
Mula sejatine pati utawa mati iku ora ana. Urip iki
ora bakal mati. Urip iki mung bakal mulih asale wiji.
Yen mengkono, isine urip iki ya pangarep-arep. Aku
kudu matur nuwun diparingi urip, merga srana lan
sajroning urip, aku dadi bisa katuwuhan pangarep-arep,
menawa aku bakal diparingi kanugrahan kang mulyane
ngungkuli urip.
Dadi, urip iki sejatine mengku janji, ing mengko
pengarep-arepku bakal dijangkepi. Apa kang ora bisa
ginayuh saiki, bakal kagayuh mengko. Mubeng sesere
cakra manggilingan bakal kandeg, aku ora sah
krengggosan maneh, kumudu-kudu ngoyak apa kang
sejatine ora kudu dioyak. Yen aku gelem ngrungkebi
pangarep-arep iku, aku ora sah ngenteni sesuk, saiki
aku wis bisa ngalami, piye rasanya luwar saka
kurungane cakra manggilingan iku. Ya ngrungkebi
pangarep-arep mau sejatine sari patining piwulang kang
unine "urip iki mung mampir ngombe".
Thursday, November 20, 2008
Ngluwari Cakra Manggilingan
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
No comments:
Post a Comment